Minggu, 12 Juni 2011

GEGURITAN

DHUHKITA

ing ratri .....
cahyaning sasangka tansaya surup
sumebyaring kartika wus sirna
grumbulane mendhung ngiteri jagad raya
marcapada katon dhuhkita

ing awan....
suminare bagaskara kaganti ngrecihe tirta tawang
kilat lan gemblegere gludug melu ngiring
sakdawane dalan ing pucuking netra 
amung langking kang ketara..

apa aku wus temen sungkaawa???
ing sajroning driya ara awan lan wengi,
sira ra luput saka pikir tanpa sela
ora percaya sira wus urip karo wong liya
ewadene mung ngrasakna tresna sedela marang sira
aku percaya, sira bakal urip ing njero prana 
sanajan raga tanpa arupa....

(geguritan punika lelagoning prana kagem piyantun kang kawula tresnani nganti sakniki)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar