Minggu, 12 Juni 2011

JARWAN


LARIK-LARIK TRESNA BOCAH NINGRAT(AN)

            Depo metu saka puserane blanjoan sing manggon ing sebrange terminal Depok. Mega kang langking gumantung ing jumantara. Sadhela maneh mesti udan. Pener banget, nalika dheweke arep munggah andha panggon nyebrang, udane deres banget. Dhepo mlayu-mlayu ngendhani udan. Dheweke ngiyup ing ngarep Plasa Depok.
            Depo nglirik jam sing mlungker nang ugel-ugel tangane, isih jam 4.15. Bocah-bocah cilik rebutan nawakne payung marang wng-wong sing ngiyup ing ngarepe Plasa Depok. Ora ketara sungkawa sithik ae ing cahyane bocah-bocah sing umure watawis pitu nganti rolas taun iku. Depo arang-arang ya ngrasa meri nyawang bungahe bocah-bocah iku. Kaya ora ana sing ngeboti sirahe bocah-bocah iku. Kanggo bocah-bocah iku, urip iki dolanan lan dolanan.
            Banjur.... sapa sing arep mikirne bocah-bocah kuwi mau? Aku? Nanging tanganku iki ora cukup bisa ngrangkul thukul-thukulane bangsa iku. Kasunyatan iku nggawe Depo mangkel karo awake dhewe. Yen wus ngene, dheweke awit nyedakne wong-wong sing urip ing njeroning bangunan-bangunan kang magrong-magrong iku. Sikil-sikil iku dadi ngalem, amarga nandi-nandi nggawe roda papat, nganti ora tau sesrawungan karo aspal-asapal sing panas.
            Kulit-kulite wong-wong iku dadi sensitife banget, amarga kulina urip ing panggonan kang ana AC-ne. Wong-wong iku ora tau mikir, yeng antaraning bandha ndonya sing ditumping iku, Sing Kuwasa nitipne 2.5% bandha dhuweke wong sudra. Yen wong-wong iku eling perkara ngono-ngono kuwi, paling bocah-bocah cilik iku ora perlu ndudhak dhuwit sangisore ngrecihe tirta tawang, sing bisa andadekake bocah-bocah iku kena penyakit.
            Ing pucuking mripatku nangkep bocah wedhok cilik antaraning bocah-bocah sing rebutan nawakne payung. Awake katon teles kebes, rupane lambene dadi biru, bocah iku katisen.
            Depo ngawe-ngawe tangane, nyeluk bocah cilik kuwi, mripate bocah cilik iku ketara bungah, mbayangne saklembar dhuwit sewuan.
            “Ngojek payung, Mas?”
Depo mung bisa godhek.
Bocah cilik ayu iku ketara kuciwa. Dheweke arep ngalih saka Depo, nanging Depo ora ngolehi.
“Sampeyan sampun maem?”
“Dereng.”
“Purun ngancani Mas maem ing kunu?”
Depo nyuding panganan cepet saji sing manggon ing ngarepe plasa.
“Temenan Mas?” Depo manthuk-manthuk.
“Pareng, ngejak sederek kula?”
“Masmu to?” Sing endi?”
“Niku payunge ingkang abrit.’
Bocah cilik iku nyuding bocah sing payunge abang.
“Pareng”
Bocah cilik iku ketara sumringah. Dheweke mlayu-mlayu nyeluk kangmase sing lagi repot nawakne payunge.
Bocah loro mas lan adhi iku mangan daging pitik goreng karo econe. Bocah-bocah iku katon nglahap panganan iku.
“Mas kok mboten maem?” pitakone bocah sing tuwa.
“Sampeyan-sampeyan purun?” Depo nawakne bagiane.
Bocah-bocah iku katon ngrundel.
Depo menehne bakine sing durung didemok blas marang kakang adhi iku. “Ora usah isin-isin! Mas wus maem kok, mau!”
Banjur bocah-bocah iku awit mangan bageane Depo.
“O yo, Mas awit mau durung ngerti jenenge sampeyang-sampeyan iki!”
“Nami kula Fajar, Mas!” Wangsulane karo lambe kebak panganan sing durung diulu.
“Yen bocah cilik ayu iki, sinten namine?”
“Fisi!” Wangsulane bocah cilik ayu iku.
“Yen, Mas niki asmane sinten?” pitakone Fajar.
“Sampeyan-sampeyan pareng nimbali, Mas Depo!” Depo ngusap-ngusap sirahe Fajar lan Fisi.
“Kapan-kapan Mas pareng to dolan menyang omahe sampeyan-sampeyan?”
“Kita mboten gadhah griya.”
“Banjur... sampeyan-sampeyan manggon nangendi?”
“Wonten ‘Griya Singgah’. Mboten tebih saking mriki!”
“Wong Tuwane sampeyan......????’
Fajar amung ndingkluk. Cahyaning mripate dhuhkita sing jeru banget. Nanging, bocah sing umure rolas taun iku, katon legawa banget.
“Tiyang sepah kita sampun dangu seda.”
“Sepurane! Mas ora nduweni meksud nggawe sampeyan sungkawa!”
“Mboten napa-napa Mas.”
“Criyose Mas fajar, bapak kalian emak sampun wonten ing suwarga. Suwarga niku wonten pundi to mas?” pitakone Fisi tanpa rumangsa susah.  Bocah iku pancen isih cilik banget kanggo mangerteni.
“Mrene-mrene sandinge Mas!”
Fajar lan Fisi nyanding Depo, banjur Depo ngrangkul bocah loro iku katon tresna sing kebak banget. Kaya uwong kang numplekne rasa kangen. Ora dielingi, eluhe ceblok saka pipi. Eluh rasa kangen.
“Mas, kok nangis?”
Depo nguculi rangkulane, dheweke ngusap eluh sing netesi pipine. ‘Sampeyan-sampeyan ngelingne aku marang bocah”.
“Sinten???????”
“Adhine Mas, sak iki mesthi dheweke uwis manggon nang suwarga.”
Sak iki gilirane bocah-bocah iku kang ngrangkul Depo. Depo ngrasa keranta-ranta banget. Sabanjure bocah loro iku larut ing kenangane dhewe-dhewe. Kenangan karo wong-wong kang tau ana ing uripe. Mbagi-mbagi tresna, kekangenan kang padha.
Dina minggu iki, depo nyiapne kabeh wektune kanggo mbagi kesenengan karo bocah loro sing mari dikenal iku. Sak perkara kang ora sempet dheweke lakoni bareng adhine.
Dian, adhine cilik kang umure kacek patang taun karo dheweke, lunga ndisiki dheweke. Kelainan jantung awit cilik, neterake mbalik marang Penciptane. Saknalika iku umure Depo isih patbelas taun, nganti saiki, tatu iku isih tumedhas ing njero dada.
Depo wus ngrencanakne kanggo nggawa fajar lan Fisi menyang omahe, ibuk ora kabotankaro perkara iku, nanging Depo pancet nyuwun sarujukane bapake, kang isih ana ing njaba kutha. Sinaosa dheweke percaya yen bapake bakal sarujuk karo rencanane Depo, nanging iki amung perkara tata krama, ngajeni wong tuwa.
Sawise kateq njajali dolanan-dolanan kang ana ing Dufan, Depo ngeterake Fajar lan Fisi bali menyang “Griya Singgah”. Bocah ayu saumurane Depo, nyambut Depo, Fajar lan Fisi ing omah iku.
“Sampeyan-sampeyan iki saka ngendi ae to? Mbak nunggoni sampeyan-sampeyan awit sore mau! Sampeyan-sampeyan ngerti to yen dina iki ana jadwal sinau?”
“Kita sedaya nyuwun sepura Mbak!”
“Fajar lan Fisi mboten luput Mbak, kula ingkang ngajak!” Depo mbukak swara.
“Sampeyan..... lha sampeyan niki sinten??????”
“Kula, rencangipun lare kalih niki.”
“Kadose sampeyan katingal langkung sepuh, yen dados rencange lare kalih niki.”
“Banjur, ingkang pantes dados rencange kula sinten?..... Sampean?” Depo awit nggoda.
Bocah wedhok kang nduweni praupan memper Paramitha Rusadi iku katon bingung diwenehi pitakon kaya ngono mau.
“Kula Depo!” Depo ngulurne tangane. Karo isin-isin bocah wedok iku nyalami tangane Depo.
‘Widya”, saurane karo katon isin-isinan ngono.
Mripate Depo lan Widya pada sawang sinawang, karo mertandhakake yen ana katresnan. Ana kesan kang ditangkep saka suminare mripate Widya kang katon iyup iku. Bocah wedhok ayu berpendidikan iku ora umum banget.
Rikala para prawan-prawan sakumurane dheweke seneng-seneng, dheweke malah nglonggarne wektune kanggo nggula wentah bocah-bocah kang urip ing ndalan iku. Ngecak banget bocah lanang kang bakal dadi bojone mengko.
“Salamane mboten dangu-dangu!” swarane Fisi andadekake Depo lan Widya luput laku karepe dhewe. Fajar lan Fisi ngguyu karo nggodhoni.
“Mas Depo ngesir mbak Widya, yo???” pitakone fajar marang Depo, kaya mangerteni murupe katresnan kang lagi gemblegern ing dadane Depo.
“Yen Mbak Widya ora kabotan yo ora apa-apa?” Depo nglirik Widya.
“Dospundi Mbak Wid?” pitakone Fisi marang Widya. Ditakoni mangkana Widya luput lakune.
“Uwes ahh, Mbak Wid mulih dhisik yo!” Widya nylimurne pitakone Fisi.
“Wangsul tengpundi Mbak?” pitakone Depo.
‘Depok Wetan Mas!’
“Waaahhhhh, ketepakan banget Mbak, kita sedalan, pareng napa mboten aku ngeterake sampeyan mulih?”
Widya manthuk-manthuk karo katon isin.
“Horeeeee,.....!!!!!!!!!!!!!!” Fajar lan Fisi lunjak-lunjak kebungahen.
***
Depo ngampiri bapake kang lagi maos koran sore. Dheweke njupuk lungguh adhep-adhepan karo bapake. Ibune metu saka pawon karo nggawakne kopi anget kapanggo bapak.
“Wonten ingkang badhe kula criyosne njenengan, Pak.”
“Mesti perkara Fajar lan Fisi?!’
“Bapak kok sampun ngertos?” Depo nglirik ibune kang pinarak sampinge bapak.
“Ibumu kang crita.”
“Dospundi, Pak??”
“Kapan awakmu ngejak Fajar lan Fisi mrene?’
“Bapak sampun sarujuk to?” bapak manthuk-manthuk.
“Maturnuwun, Pak!”
“Banjur kapan awakmu ngenalne Widya marang Bapak?”
Depo kaget banget karo pitakone bapake. Depo mbalik nglirik ibune maneh. “Mesthi Ibuk niki ingkang matur?” Ibune manthuk-manthuk.
“Ibuuuuukkk!!!!!!!!!!!!!!!!!!” Sabanjure sakeluwarga pada gegojegan bareng-bareng.

***
Depo nglamun nyawangi cebloke tirta tawang kang tambah deres. Para tukang ojek payung nawakne payunge marang wong-wong kang teka ing Plasa kang ora sabar nunggoni udane terang.
“Ojo nglamun!” Widya nyikut alon-alon lengene Depo, mbuyarne lamunane Depo.
“Aku lagi kelingan sepisanane aku kepethuk Fajar lan Fisi.”
“Ngecak banget bocah iku!”
“Luwih ngecak maneh aku, amarga liwat bocah loro iku, Sing Kuwasa methukake aku karo sampeyan.” Widya tambah nyedhakake awake marang Depo.
Rencanane dina iki Depo arep mboyong Fajar lan Fisi nangomahe, pisan ngenalne Widya marang wongtuwane. Depo lan Widya mari nukokne klambi lan piranti liyane kanggo Fajar lan Fisi. Sak iki Depo lan Widya ngenteni kakang adhi iku teka.
Ciiiiiiiiiiiiiiiiiiiiitttttttttttttt.............. Braaaaaaaaaaaaaaakkkkkkkkkkkkkkkk......!!!!!!
Sedan apik nubruk wong kang lagi mlaku nyebrang. Wong-wong ndang-ndang padha playon menyang panggonan kedadean. Wong-wong padha ora nggatekne udan sing tansaya deres.
Depo bingung banget, ketepakan mangerteni saka Satpam Plasa, yen sing dadi korban tabrakan iku bocah loro sing dadi ojek payung. Depo ndang mlayu nang panggon kedadean. Depo ndesel-ndesel nang tengah-tengahe wong-wong akeh kang ndilok kedadean iku. Ana bocah kang narik-narik klambine saka mburi.
“Mas....Mas.... Mas....”
Depo mengo nang mburi, Fajar lan Fisi wus ngadek nangarepe Depo. Bocah loro iku ora kurang siji ae. Depo ndang ngrangkul bocah loro iku karo prasaan sing ora bisa digambarake karo ukara. Sejatine duduk Fajar lan Fisi kang dadi korban tabrakan.
Widya mung nyawangi wong telu iku karo trenyuh campur bungah.
“Bersyukur Po, ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa!’
Depo ndangak nang dirgantara.
“Matur nuwun, Gusti!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar